Tak kiro tekomu wingi arep ngobati loroku
Sing iseh bekas mergo maslaluku
Nyatane tekomu malah ngerusak tatanan ati
Sing selama iki, angel anggonku ngobati
Ajur remuke atiku
Salahku nompo tekomu
Aku ngalih pun mboten kuat sayangku
Salahku wingi bukak ati nggo sliramu
Sing jelas-jelas dudu aku pilihan atimu
Tak culne sayangku,mergo loro atiku
Udane ning njobo,telese ning pipiku
Mas kangmas sepurane
Aku ninggal sampean
Wingi mung tak nggo konco kesepian
Sampean ra nyukupi
Kabeh sing tak pingini
Ngapurane sampean tak tinggal pergi
Saiki awakdewe kudu mlaku dewe-dewe
Mergo koe raiso nepati janjimu dewe
Tak dongakne bahagia karo pilihanmu
Aku ngikhlaske sayangku