Ora bisa tak gambarke
Rasa tresnaku marang seliramu
Paribasan nyowo iki taruhane
Tresna iki ora owah yo mung siji
Bola – bali tansah nglarani
Bola - bali wis tak apurani
Tulusing ati sing tak nduweni
Bebasan klambi suwek tak dondomi
Ngunjuk Jahe neng Cemara Sewu
Cukup kangmas sing ono atiku
Ombak sing gedhe uwis tak liwati
Kadung sayang nadyan abot tak lakoni
Katresnanku…
Yo mung siji panyuwunku
Mugi Gusti paring idhi
Mangestoni niat ati iki
Urip bebrayan nganti tekaning pati
Bola – bali tansah nglarani
Bola - bali wis tak apurani
Tulusing ati sing tak nduweni
Bebasan klambi suwek tak dondomi
Ngunjuk Jahe neng Cemara Sewu
Cukup kangmas sing ono atiku
Ombak sing gedhe uwis tak liwati
Kadung sayang nadyan abot tak lakoni
Katresnanku…
Yo mung siji panyuwunku
Mugi Gusti paring idhi
Mangestoni niat ati iki
Urip bebrayan nganti tekaning pati