Buk, kula pun gedhe
Saget pados utang dewe
Kados riyin njenengan nate ngelakoni
Nuruti karepku anggere seng becik-becik
Bareng gedhe ne ngene
Pontang-panting mergawe
Arep gagas tresno isih kepentung bondo
Durung sempet aku ngelakoni
Tresno seng tak pengenke
Isih rekasa rono-rene
Kula namung nyuwun dunga lan pangestu
Mugi angsal seng kados njenengan
Buk, maturnuwun
Sepurane durung iso dadi seng njenengan karepke
Ngubah gurun dadi telaga
Ngubah lara dadi tamba
Durung sempet aku ngelakoni
Tresno seng tak pengenke
Isih rekasa rono-rene
Kula namung nyuwun dunga lan pangestu
Mugi angsal seng kados njenengan