Pujaningsih-文本歌词

Pujaningsih-文本歌词

Ajeng Gemoy&Wf Azizah
发行日期:

LIRIK PUJANINGSIH

Purwakane pagut netra trus andulu,

Nadyan datan andangu,

Nanging wus tumekeng kalbu,

Mbabar pajar pindha slaka binabar

Sepisan anjawat kang asta

Kaya kaya wus antuk swarga,

Apa iya iki tresna,

Tresna kang sanyata,

Temah agawe kunjana papa

Lunging gadhung hangayun ayun

Dhuh sang mustikaning asmara

Sun kayungyun mring handika

Yen jawata ngelilanana

Bakal dak pundhut krama

Mugo kasembadan

Dak jongko srono

Manembah mring sang hyangwidi

Mugio peparing margi

Margi kang waluya jati

Duh duh aduh sang mustikaning asmara

Sepisan anjawat kang asta

Kaya kaya wus antuk swarga,

Apa iya iki tresna,

Tresna kang sanyata,

Temah agawe kunjana papa

Lunging gadhung hangayun ayun

Dhuh sang mustikaning asmara

Sun kayungyun mring handika

Yen jawata ngelilanana

Bakal dak pundhut krama

Dhuh sang mustikaning asmara

Sun kayungyun mring handika

Yen jawata ngelilanana

Bakal dak pundhut krami

Dak mulyake pindha prameswari

Mbalung janur dadya usada kang sayekti

Mbalung janur dadya usada kang sayekti