Ora Ngemis Bali-文本歌词

Ora Ngemis Bali-文本歌词

Yeni Inka&Delva Irawan
发行日期:

Piye kahananmu saiki

Wong sing uwis nutup dalan?

Dalanku nggenahke atimu

Dalanku ngerti kahananmu

Ngertio jenengmu isih tak sebut

Ning saben dongaku

Emanen wektumu, tulung lalekno aku

Nangismu wis ora tak rungokke

Mesakno atimu, nggolek'o gantiku

Gusti wis nggariske aku kowe dewe-dewe

Opo salah aku kelingan kowe?

Aku ra ngemis bali

Mung perih ning ati

Isih teles, durung mari

Ngoyak kowe, aku menyerah

Legowo atiku pasrah

Ku sing susah, koe sing bungah

Wis, yo wis lah

Wis suwe wektune kowe ninggal aku budhal

Nikah dijodohke leh ku ngroso setengah modar

Rabimu biyen nyisani cerito sing rung rampung

Kelangan tresnamu roso ati tansah gempung

Salahku nggon endi yen aku terus kelingan?

Jenenge kenangan ora cepet bablas ilang

Senadyan njero ati njaluk kowe iso bali

Bubar, yo wis bubar, jaremu aku wis ra berarti

Emanen wektumu, tulung lalekno aku

Nangismu wis ora tak rungokke

Mesakno atimu, nggolek'o gantiku

Gusti wis nggariske aku kowe dewe-dewe

Arepo kowe nangis sak seru-serune

Aku tetep ra milih kowe

Lereno nyikso batinmu saben dino

Ngeling aku mung nambah loro

Opo salah aku kelingan kowe?

Aku ra ngemis bali

Mung perih ning ati

Isih teles, durung mari

Ngoyak kowe, aku menyerah

Legowo atiku pasrah

Ku sing susah, koe sing bungah

Wis, yo wis lah

Opo salah aku kelingan kowe? (Salah tenan)

Aku ra ngemis bali (aku wis ro wonge)

Mung perih ning ati

Isih teles, durung mari (tulung rasah bali)

Ngoyak kowe, aku menyerah (rasah ngoyak aku)

Legowo atiku pasrah (aku du jodohmu)

Ku sing susah, koe sing bungah

Wis, yo wis lah

Ku sing susah, koe sing bungah

Wis, yo wis lah