[verse 1
Neng pojokan dalan, ana warung rodho ndelik
Warung angkringan, tansah rame masio cilik
sing moro tuku uyel-uyelan ora tau sithik
lanang wadon, enom tuwo, gedhe cilik
[verse 2
ono kopi, susu jahe karo teh panas
Gawe tentrem ati, ra krasa kesel amblas
Sate ke re sing murah, nanging rasane pas
Neng angkringan, kabeh wong padha puas
[Chorus
Angkringan, angkringan, papan kanggo ngumpul
Nasi kucing, sate ke re ngombene teh krampul
Angkringan, angkringan, papan kanggo guyub
panas udan biso kanggo nunut ngiyup
[(verse 3
Buka e sore rame terus nganti esuk
rame uwong ngajak konco podho cangkruk
bakule tetep semangat ora krasa ngantuk
gaweke wedang teh panas campur jahe gepuk
(bridge)
Warung angkringan terus dadi inspirasi
ngomong ngalur ngidul ora tau ono solusi
sego kucing, wedang kopi lan sate ke re
Kabeh dadi siji, ning warung sing rame
[Chorus
Angkringan, angkringan, papan kanggo ngumpul
Nasi kucing, sate kere ngombene teh krampul
Angkringan, angkringan, papan kanggo guyub
panas udan biso kanggo nunut ngiyup
[outro