Ojo Ngece Karo Wong Ora Nduwe-文本歌词

Ojo Ngece Karo Wong Ora Nduwe-文本歌词

Intan Chacha
发行日期:

Ojo ngece karo wong ora nduwe

Rojo brono yen mati ora di gowo

Bebasan urip mong mampir ngombe

Ngono kui jare pini sepuh kae

Yen numpak sepur asepe metu nduwur

Tiwas ajor mumur yen awak ora di ator

Yen numpak motor asepe metu ngisor

Urip ning alam ndonyo kudu sugih andhap asor

Yen numpak becak asepe metu telak

Ojo ngguyu ngakak yen urip lagi kepenak

Yen numpak andong asepe metu mbokong

Ojo plenggang plenggong

Mengko mundak koyo grandong

Dadi uwong ojo rumongso biso

Nanging uwong seng biso rumongso

Wong seng becik seng keno kebecikane

Ngono kui jarene simbahku dewe

Nek rujak nanas pantes di wadai gelas

Tiwas adem panas seng di gagas ora waras

Nek rujak dondong pantes diwadai lodong

Ojo plenggang plenggong

Mengko mundak koyo grandong

Nek rujak mayit lalapane rumah sakit

Binggung golek duit ngurusi barang kejepit

Nek rujak mayet lalapane rumah sakit

Binggung golek duit ngurusi barang kejepit

Dadio wong seng becik

Ojo do sirik opo-opo marai mangkel

Mengko malah kowe dadi ngrundel

Tiwas ngalah malah podo ngeyel

Mulane kowe manuto wong tuo

Ojo pisan-pisan kowe neko-neko

Jaman saiki sitik-sitik metu ragat

Urip’e ora tentrem malah kowe dadi njepat

Mulakno-mulakno rasah do ngeyel

Wong tuo le ngandani angel

Bola bali bola bali kowe nglarani ati

Wong tuomu nganti loro ati

Ngalor ngidul ngulon ngetan

Aku wis kenthir ra iso mikir

Kiwo (kiwo) kiwo (kiwo) kluwer kluwer