Ampyang gulane jowo yo mas yo
Pilih kacang opo klopo
Dadi wong lanang mbok ojo sembrono
Ojo sembrono
Glali jenange gulo yo mas yo
Wong lali ora rumongso
Sarwo sarwi ngguyoake tingkahe
Suwe-suwe lha kok mangkelake
Aduh dek aku sing kleru
Ojo dadi atimu
Durung-durung kowe wis nesu
Neng kali nggowo pancingan
Wong lali ora kelingan
Yen lali ora kelingan
Aduh dek aku sing luput
Ojo pijer prengat prengut
Wong ayu dadi semrawut
Sosor bebek, disosor meri
Salahku dewek mohon di-sorry
Besok-besok nggak lagi-lagi
Manis gulane batu jo kleru
Seng dodol rupane ayu
Janji kemis mesthi dadine setu
Yen kagol tak tinggal mlayu