Sekolah duwur2 Ben ISO dadi pejabat Golek Duwet sek okeh Ben ISO konglomerat Ra ngurus masyarakat Seng tambah Soyo mlarat Pokoke wujud duet Langsung wae di sikat . Iki Negoro Negorone wong wong gede Kabeh masyarakat e Ibarat penonton e Meng ISO ngematke Karo mringis Dewe Delok polahe Marai mumet ndase. . Aturan di gawe Dingo ngregani Nek Ono duwite Liwat lawang mburi Pirang taun suene Gari nego siasi Nek cocok rembuke bebas tanpa sangsi . Reff Negoro ROSO surgo Dingo seng due bondo Pejabate Mulyo Wargo ne sengsoro . Negoro sek sugeh Gemah Ripah lojinawi Seko tambang berlian Tekan tambang besi Sak tanjep e woh wohan Mesti tetep dadi Neng Yo kui Kabeh rauk oligarki . Kabeh wargone Ibarat dadi wayange Dikon jungker walik Nglundug mrono mrene Bakal di gagas Nek lagi butuhke Go nambah suoro Pas kampanye contone . Rasah do kaget OPO meneh gumun Pancene aturan Meng dingo wangun2 Kanggone wong wong gede Rasah di pikerke Kanggone wong cilik Kesempatan di peres dite . Tugase akdewe Mung ISO ngawasi Mlakune aturan Nang Negoro Iki Kudu pinter LAN kudu nyeleksi Sopo sek mimpin Negoro ibu Pertiwi . Rasah do bingung Op meneh kuatir Saiki Noto awak Karo Noto piker Pinteng sehat waras Ben ISO golek mener Rasah piker Jero Ndak ne malah kenter . Pesenku Yo mung siji Ojo lali marang Gusti Dongo di okehi Di tambahi Karo ngaji Ben akdewe Mulyo LAN okeh rejeki Nek wes tekan wektune Ben ISO Munggah kaji