Aku ra tahan pengen ngrasakne pacaran Opo yo bener rasane enak tenan? Njajal sepisan seng marai cah edan-edan Lah kok sirahku seng payu oleh kamplengan Curhat neng embok lek durung rabi jo ndemok Lah terus piye pacaran kon lolak-lolok Dasare simbok mbiyene lulusan pondok Kudu seng kenceng ojo sampek menggak-menggok Wes ra kuat aku wes ra tahan aku Timbang engko paiman kuwi selak nesu Wes ra kuat aku wes ra tahan aku Rabekno to mbok engko tak gawekne putu Mbok, mbok, mbok ketimbang kumat setepku Cepet mbok endang golekno mantu Wes to mbok masio ra patek lemu Sikat mbok timbang kisut ra payu Sak jane aku iki piye? Sekolah panggah ngene ae. Mben dino bayari SPP Serto wes lulus panggah kere Sinau, yo wes tak tenani Rapotan, mesti ranking siji Nerusne, ra kuat bayari Cita-citaku garek ngimpi Dadi dokter, ra cukup mek pinter Dadi lurah, modale geh kathah Wes ra usah ngandalne ijazah Usaha ning omah, penting teko Mekkah